Minggu, 05 Mei 2019

WEWALER


Assalamualaikum, Kanca-kanca :)
Ing wektu iki, aku bakal ngulas sethithik babagan wewaler... hayoooo, sak durunge uwis padha reti durung wewaler iku apa? yowis, nek durung padha reti, ayo mrene sinau bareng-bareng...


Wewaler menika inggih salah satunggale kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud punapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar.

Tuladhane:

1. Aja lungguh ing ngarep lawang 

Tegesipun, kita boten ilok menawi lenggah wonten ing tengah lawang amargi sakmenika sampun boten peprenahe. lawang sakleresipun bikak nutup, inggih menika menawi wonten ingkang bikak lan nutup lawang supados saged mlampah boten kedhangan.

2.  Aja payungan ing jero omah.

Tegesipun, sampun boten trep inggih menika payungan wonten omah, amargi wonten dalem omah inggih boten kejawahan menawi nembe jawah kalihan  boten wonten ginanipun payungan wonten omah. hehe๐Ÿ˜‚

3. Aja nguleg sambel karo drijine sing dinggo nguleg simanbi duding, mengko sambele ora enak.

Tegesipun, boten sak utuhe mesti bakal boten eca sambelenipun, ananging nguleg kalihan duding menika saged dadosi astanipun keju. sanes keju dhaharan lho nggih ๐Ÿ˜‚ sakmenika keju kemeng kiyu-kiyu ingkang leres, dados anggenipun nguleg sambel tansah ngepal astanenipun kaliyan munthu ingkang diginakaken boten ical.

Tuladha sakbanjure bakal dak paringi wonten ing video ngisor iki. sugeng hamirsani.



Nah, saka tuladha menika wau... 
mesthi kanca-kanca duweni tuladha wewaler ing daerahe kiyambak-kiyambak..
Punapa kemawon wewaler ing daerahe kanca-kanca sadherek??
kanca-kanca saged nulisaken tuladha liya ing kolom komentar sakmenika.  Maturnuwun.


 

WEWALER

Assalamualaikum, Kanca-kanca :) Ing wektu iki, aku bakal ngulas sethithik babagan wewaler... hayoooo, sak durunge uwis padha reti durung ...